Purwaka Ing jagad pewayangan Jawa, ana pirang-pirang crita kang ngandhut piwulang luhur lan nilai-nilai moral kang bisa dadi tuntunan urip. Salah siji crita kang misuwur yaiku lakon Ramayana, kang mujudake salah siji epos gedhe saka India kang wis dadi bagean saka kabudayan Jawa nganti saiki. Ing antarane ana sawijining episode kang kerep dipentasake ing wayang, yaiku “Anoman Duta”. Anoman, sawijining wanara warna putih kang kondhang amarga kasektene lan budi luhur, dipilih dening Prabu Rama kanggo dadi duta utawa utusan. Tugas utama Anoman yaiku nemokake Dewi Sinta, (garwane Prabu Rama), kang diculik lan digawa menyang Nagara Alengka dening Prabu Rahwana. Pakumbaran Anoman menyang Alengka ora gampang. Dheweke kudu ngliwati segara, ngadhepi pepalang saka para buta, lan tetep waspada marang akal buluse Rahwana. Nanging kanthi tekad lan kawicaksanan, Anoman bisa ngliwati kabeh pepalang kasebut. Sianu babagan wayang iki uga ngajari kita tresna marang budaya Indonesia sing sugih. Ayo padha sinau babagan wayang supaya luwih ngregani budayane! A. Mangerteni Crita Wayang Ramayana Wayang asale saka tembung wod ‘yang’ kang banjur malih dadi wayang. Tembung wayang utawa hamayang duwe teges nontonake wewayangan. Tekan saiki dumadi seni pentas wayang utawa wewayangan. Pagelaran wayang bisa dadi gegambaran uripe manungsa kang manut marang titahe Gusti Kang Murben Dumadi (ing kene diwakili dening dhalang). Wayang bisa dadi tontonan lan tuntunan tumrape manungsa. Wayang minangka tontonan kanggo palipuram. Tuladhane anane pagelaran wayang kulit lan wayang wong. Dene wayang minangka tuntunan iku jumbuh karo piwulang kang kinandhut sajroning crita wayang. Piwulang-piwulang becik kasebut bisa kita mangerteni menawa kita nyinaoni bab crita wayang. 1. Sumber Crita Wayang Salah siji wayang kang ngrembaka ing Indonesia yaiku wayang purwa. Wayang purwa sumber critane saka epos gedhe crita Hindu saka India kang asring dikenal kanthi aran epos Ramayana lan Mahabharata. Banjur, dening pujangga Jawa yaiku Empu Sedah lan Empu Panuluh crita epos mau diowahi lan dijumbuhake klawan adat lan pranatan masyarakat ing jaman semana, mligine tumrap masyarakat Jawa. Sajroning pagelaran wayang, crita utawa lakon kaperang dadi maneka warna wujud lakon miturut gaya sarta pengemasan dening saben dhalang dhewe-dhewe.
2. Wujude Wayang Wujude wayang arupa bonekah sing miturut dimensine (arah paningal) ana loro cacahé, yaiku kaya mangkene. a. Wujud 2 dimensi Wujud 2 dimensi umume kagawe saka kulit (walulang) kang biyasane dianggo nggawe yaiku kulit sapi utawa wedhus. b. Wujud 3 dimensi Wujud 3 dimensi lumrah digawe saka kayu kang direnggani panganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang. Nanging ing sawatara tlatah uga ana kang nggawe wayang saka suket, lan kerdhus. Ananging wayang jinis ngene iki ora ngrembaka. 3. Wujud Paraga Wayang Wujud paraga wayang nduweni pralambang kang beda-beda, nuduhake watak paraga wayang. Wujud paraga wayang kaya mengkene perangan lan panjlentrehe. a. Wangun irung Wujud irung ing paraga wayang nggambarake watak kang beda-beda, kaya mangkene panjlentrehe. 1. Irung walimiring yaiku katon kaya peso blathi cilik, kanggo nuduhake alusing watak lan kabangsawanan. Tuladhane Arjuna, Samba, lan Kresna. 2. Irung pelokan yaiku kaya wangun separo woh pelem, nuduhake pepadhane karo watak raseksa kasar lan kuwat. Tuladhane Buta Roto, Pragalba, lan paraga buta liyane. 3. Irung pagotan yaiku kanthi tutuk/gusen, nuduhake watak galak lan kejem. Tuladhane Raden Indrajit, lan Raden Kangsa. 4. Irung bentulan yaiku nuduhake keprajuritan. Tuladhane Gathutkaca, Gandamana, lan Bratasena. 5. Irung brutton yaiku nuduhake sipat lucu. Tuladhane Bagong. 6. Irung sumpel yaiku nuduhake sipat lucu. Tuladhane Semar lan Limbuk. 7. Irung terong yaiku nuduhake sipat bisa narik kawigaten, kaya pelawak. Tuladhane Gareng. 8. Irung cempaluk yaiku nuduhake sipat konyol kaya badhud. Tuladhane Petruk. 9. Irung pesekan yaiku nuduhake lucu. Tuladhane Togog, Mbilung, lan Wanara. b. Wangun lambe Wujud lambe ing paraga wayang nggambarake watak kang beda-beda, kaya mangkene perangan lan panjlentrehane. 1) Lambe domis yaiku wangun lambe satriya, nuduhake kaelokan lan watak sensitip.
2) Lambe gusen yaiku nggambarake watak sok sarwa weruh, tanggung. Tuladhane Patih Sengkuni lan Kartamarma. 3) Lambe ngablak yaiku kabuka lan katon gusine, nggambarake watak raseksa. Tuladhane Boma lan Durmagati. c. Wangun mata Wujude mata ing paraga wayang nggambarake watak kang beda-beda. Kaya mangkene perangan lan panjlentrehe. 1) Mata gabahan yaiku awangun wulir beras. Matane para ksatriya. 2) Mata kedhelen yaiku awangun wiji kacang. Tuladhane Baladewa lan Setyaki. 3) Mata dhondhongan yaiku awangun wiji dhondhong. Tuladhane mata Patih Sengkuni lan Kartamarma. 4) Mata pelengan yaiku nggambarake watak kejem. Tuladhane Indrajit lan Kangsa. 5) Mata penanggal yaiku awangun wulan tanggal sepisan, nggambarake watak kang ora bisa dipracaya. Tuladhane Cakil lan Pendhita Durna. 6) Mata kolikan yaiku nggambarake watak lucu. Tuladhane kaya Semar. 7) Mata plolo yaiku nggambarake watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladhane Bagong lan Togog. 4. Uba-rampe Pakeliran Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokake piranti kaya mangkene. a. Cempala yaiku thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon. b. Kelir yaiku layar putih kang dibeber kanggo nglakokake wayang. c. Blencong yaiku senthir kanggo nggawe wewayangan, ing jaman saiki ana kalane senthir disulih nganggo petromaks utawa lampu listrik. d. Kepyak yaiku digawe saka kuningan kanggo iringane dhalang. e. Kothak yaiku wadhah wayang lan kanggo nuthuk cempala. f. Gedebog/debog yaiku kanggo tancepan wayang. g. Gamelan yaiku kanggo ngiringi pagelaran wayang. 5. Jinis-jinising Wayang Wayang iku salah sijining wujud seni pagelaran kang lakon critane saka Ramayana, Mahabharata lan Serat Menak, sing akeh ditemokake ana ing Pulo Jawa lan Bali. Seni pagelaran wayang iki diiringi dening gamelan. Wayang wis diakoni dening UNESCO amarga dadi karya cipta kang endah lan nyengsemake saka critane, wewayangane, lan dadi warisan kang banget agunge. Pengesahe ing tanggal 7 November 2003. Maneka warna jinise wayang kang ana ing Indonesia. Jinis-jinise wayang ing antarane kaya mangkene.
a. Wayang purwa Wayang purwa uga kasebut wayang kulit amarga digawe saka kulit lembu, maesa, utawa sapi. Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabharata kanthi basa Jawa Kuna ana ing jaman Raja Jayabaya. Empu Sedah, Empu Panuluh, serta Empu Kanwa yaiku pujangga kang misuwur ing jaman iku. Sunan Kalijaga salah satunggaling wali sanga kang nyipta wayang saka kulit lembu. Dhalang kang misuwur antarane Ki Nartosabdo, Ki Manteb Sudarsana, Ki Anom Suroto, Ki Timbul Hadiprayitna, lan sapanunggalane. b. Wayang wong Wayang sing paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabharata. c. Wayang titi Wayang titi yaiku wayang sing sumbere saka Nagara Tiongkok. Wayang iki bisa ditonton ana tanggapan ing kampung Tiongkok utawa kelenteng. d. Wayang wahyu Wayang wahyu uga kasebut wayang bibel iki karipta dening Bruder Timotheos kanggo nyiarake agama Kristen. e. Wayang kancil Wayang iki uga diarani wayang dupara. Wayang kancil digawe saka lulang, isine ngandharake crita serine Kancil. f. Wayang dongeng Wayang kang digawe saka dluwang kang digambari wayang awujud kewan-kewan. Wayang iki nyritakake babagan donyane kewan kang dadi sarana refleksi saka donyane manungsa. Wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang kang lumrahe tunggal ing sakabehing paraga wayang, banjur sapa bae bisa dadi dhalang, uga kang bisa prasaja gunemane. g. Wayang beber Wayang beber yaiku wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan (lembaran). Saben beberan iku nggambarake saadegan crita. Yen wis rampung dilakonke, beberane digulung maneh. Wayang iki digawe saka jaman Krajan Majapahit. Wayang iki asale saka Pacitan lan Gunungkidul. Wayang iki digawe awujud rong dimensi banjur dilukis. h. Wayang gedhog Wayang iki wujude meh padha karo wayang kulit. Wayang gedhog digawe kurang luwih taun 1400-an. Sumbering crita saka crita raja ing Jawa, antarane Banten, Singasari, Mataram,
Kediri, lan sapanunggale. Wayang gedhog uga nyritakake lelakone Panji Asmara Bangun, Dewi Candra Kirana, lan sapanunggale. Wayang iki mung bisa ditemokake ana ing museum. i. Wayang klithik (krucil) Wayang klithik (krucil) yaiku wayang kang digawe saka kayu, kang wujude padha karo wayang kulit. Crita kang kerep ditanggapke yaiku nyritakake Damar Wulan lan Majapahit. j. Wayang golek (thengul) Wayang iki digawe saka kayu lan diklambeni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lan sapanunggale. Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongeng Nagara Arab. Wayang golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku wayang golek Asep Sunarya saka Sunda. k. Wayang madya Wayang iki nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki karipta dening Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo wayang gedhog. Crita kang kondhang ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma. l. Wayang potehi Wayang iki awujud bonekah cilik-cilik. Critane mangsa jaman Kraton Tar-Tar utawa Babad Tiongkok. Thio Tiong Gie yaiku salah sijining dhalang wayang potehi ing Semarang Tengah kang kondhang. m. Wayang sadat Wayang sadat yaiku wayang kang nyritakake lakon-lakon ing agama Islam. n. Wayang suluh Wayang iki nyritakake sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan. o. Wayang suket Wayang suket digawe saka suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur utawa kritik marang pamarentah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan. p. Wayang menak Wayang menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critane yaiku babagan dakwah Islam kayata Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarmadi. q. Wayang jemblung Wayang jemblung dadi sawijining wujud kesenian teater tradhisional saka tlatah Banyumas. Wujude wayang iki kaya pagelaran wayang, nanging dilakokake dening sawijining dhalang kang ngrangkep dadi wayang, gamelan, pangrawit, lan waranggana (vokalis).
6. Mangerteni Serat Ramayana Ramayana dumadi saka basa Sangsekerta. Ramayana utawa lelakone Rama, iku salah siji wiracrita saka tlatah India. Ramayana yaiku serat kang ngrasuk agama Siwa. Wose ngandharake tumindak lan solah-bawane Prabu Rama. Wondene wose kaperang dadi pitung perangan kang diarani Sutkandha, andharane kaya mangkene. a. Balakandha Kitab Balakandha iku pinangka wiwitan saka lakon Ramayana. Kitab Balakandha nyritakake Prabu Dasarata, Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata peputra papat, yaiku Rama, Bharata, Lesmana, lan Satrugna. Kitab Balakandha uga nyritakake Sang Rama kang kasil menangake sayembara lan garwa Sinta, Putri Prabu Janaka. b. Ayodhyakandha Kitab Ayodhyakandha nyritakake lelakone Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sinta lan Lesmana amarga panjalukke Dewi Kekayi. Sawise iku, Prabu Dasarata kang wis sepuh banjur seda. Bharata ora gelem dijumenengake dadi raja, dheweke banjur nyusul Rama. Rama nampik yen kasuwun bali menyang Ayodhya. Bharata jumeneng nata pinangka sulih Sang Rama. c. Aranyakandha Kitab Aranyakandha nyritakake babagan uripe Rama, Sinta, lan Lesmana neng satengahing alas nalika lagi nglakoni pengasingan. Ana ing satengahing alas mau, Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa diganggu karo raseksa. Kitab Aranyakandha iku uga nyritakake babagan Sinta kang diculik dening Rahwana lan crita babagan paprangane Rahwana mungsuh Jatayu. d. Kiskindhakandha Kitab Kiskindhakandha nyritakake babagan lakon ketemune Sang Rama karo raja kethek kang aran Sugriwa. Sang Rama mbiyantu Sugriwa kanggo ngrebut krajane saka Subali, kakange Sugriwa. Nanging peperangan kuwi mau, Subali seda. Banjur Sugriwa didadekake raja neng Guwa Kiskindha. Sabanjure Sang Rama karo Sugriwa dadi mitra kanggo numpes Krajan Alengka. e. Sundarakandha Kitab Sundarakandha nyritakake lakon tentara Kiskindha sing lagi mbangun krenteg Situbanda sing nggabungake antarane India karo Alengka. Anoman sing dadi dutane Sang Rama lunga menyang Alengka lan ngadhep karo Dewi Sinta. Neng kana, Anoman dirangket. Ananging bisa lunga saka kunjara lan ngobong Krajan Alengka.
f. Yuddhakandha Kitab Yuddhakandha nyritakake lakon paprangan antara laskar kethek dhuweke Sang Rama karo pasukan raseksa Sang Rahwana. Critane diwiwiti nalika wadya bala Sang Rama bisa nyabrang segara menyang nagara Alengka. Ananging, bebarengan karo iku Wibisana ditundhung minggat karo Rahwana amarga kakean menehi pitedah. Ning paprangan, Rahwana dikalahake karo Rama nganggo gaman panah sektine. Sang Rama bali menyang Ayodhya kanthi Slamet bareng karo Dewi Sinta. g. Uttarakandha Kitab Uttarakandha nyritakake lakon Dewi Sinta amarga Sang Rama krungu pawarta saka rakyat utawa warga sing ora pracaya marang kasucene Dewi Sinta. Banjur Dewi Sinta manggon neng pratapan Resi Walmiki lan nglairake Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa mara menyang krajane Rama nalika lagi dianakake upacara Aswamedha. Nalika iku dheweke kabeh nyanyikake Ramayana sing digubah dening Resi Walmiki. 7. Crita Anoman Duta Lakon Anoman Duta iku sawijining crita Ramayana perangan/kandha sing kaping papat, yaiku Sundara Kanda (Senggana/Anoman Duta). Wacanen crita wayang ing ngisor iki! Anoman Duta Wanara raja Sugriwa sawadyabalane sowan Sang Ramadewa ing wukir Malyawan. Sang Kapindra Sugriwa banjur nimbali gegedhuging wadyabala wanara kang cacahe papat, yaiku Anoman, Satabali, Susena, lan Winata. Kanthi mupakate Sang Raghawa gegedhuging wadyabala wanara papat iku minangka manggalaning Duta kang tinanggenah ndlajah kabeh papan-panggonan ing keblat papat, ngupaya Dewi Sinta. Sang Raghawa tumuli nyaosaken singsim minangka tanda yen Anoman Dutane Sang Raghawa. Enggaling crita, para kapibala dumadakan weruh manuk gedhe jenenge Sempati, kakange Jatayu. Sempati matur yen para wanara bisa nerusake laku mangidul lan bakal ketemu panggonan kang titikane menawa ana kutha-krajan kang kabeh suyasane dumadi saka "emas", dumunung ing puncake gunung, yaiku kutha-krajane Alengka. Sawise mlaku rada sawetara suwe, para wanara tekan ing Gunung Mahendra, munggah ing ereng-erenging sisih lor, banjur tumurun tekan ereng-ereng kidul. Sawise ngaso sawetara ana ing pesisir, Anoman pamitan marang kanca-kancane nedya nerusake laku menyang Alengka ngliwati samodra. Rikate abure Anoman padha karo keclaping cipta pepindhane kaya angin ing wektu kiyamat. Nalika Anoman mabur ing akasa, dheweke
ditutake danawa kang nunggu samodra jenenge Wilkathaksini. Bareng wis ketututan, Sang Kapi Seta diulu tekan ing wadhuke. Ana sajrone wadhuk, Anoman gya tiwikrama, wadhuk bedhah ludira wutah dadi lan patine Wilkathaksini. Ana ing Gunung Udaya Sang Ramadayapati bisa nyumurupi kabeh papan-papan ing saindenging kutha-krajan Alengka. Pancen bener ujaring kandha, kahanan kutha-krajan Alengka kaya Kahyangan Indraloka. Ananging Sang Ramadayapati nglokro atine lan bingung pikire, amarga durung bisa ketemu kalawan Dewi Sinta. Ora adoh saka panggonan iku, Anoman sumurup Taman Asoka ya taman Argasoka. Sang Ramadayapati nduga yen Sang Dewi Sinta disingidake ana ing sajroning Taman Asoka. Bareng lehe mlembar-mlembar ing wit nagasari wis sawetara suwene, Anoman meruhi Sang Dewi Sinta. Ana ing taman kuwi uga ana wanodya kang aran Dewi Trijata, putrane Raden Gunawan Wibisana. Sang Prabu Dasamuka kang banget gandrung-kayungyun marang Dewi Sinta prapta ing taman Asoka kanthi angrerepa ngandika marang Dewi Sinta yen dheweke kepengin linadeni dening Sang Dewi Sinta lan ginodha marang bandha-bandhuning Dasamuka. Babar pisan ora kengguh panggalihe Dewi Sinta, tetep madhep mantep marang Sang Raghawa. Sang Dewi tumuli matur yen Dasamuka bakal sirna-gampang, tumpes-tapis sawadyabalane marang Sang Raghawa. Keprungu wangsulane Dewi Sinta, Sang Rahwana jumeneng, banjur ngunus "candrasa". Sawise ketemu Dewi Sinta, Sang Kapi Seta njlentrehake Sang Raghawa lan saiki wis manggon ana ing Gunung Malyawan lan wis memitran karo Sang Kapindran Sugriwa. Sang Kapi Seta dhinuta marang Sang Raghawa lan dikongkon maringake "singsim" dhateng Sang Dewi Sinta. Anoman ngaturaken singsim, tumuli njlentrehake manawa, Raden Rama lan yayi paduka Raden Laksmana ngirit wadyabala wanara arep nglurug Alengka lan arep mrajaya Rahwana sakwadyabalane. Midhanget ature Anoman, Dewi Sinta banget karenan ing panggalihe. Piyambake tumuli ngaturi cundhakamanik lan nawala marang Sang Ramadayapati supaya diaturake marang Sang Raghawa. Anoman sendika ngestokake dhawuh, banjur nyedhak Dewi Sinta nampani nawala lan cundhakamanik. Sawise nyembah lan pamitan madal pasilan tumuli oncat saka ngarsane Sang Dewi kanthi leganing ati. Anoman nduwe karep ngobrak-abrik Taman Argasoka kang jembare ngedap-edapi. Sang Ramadayapati tumuli cancut tali-wanda banjur wiwit mbedholi wit-witan ing sajrone taman.
1. Unsur Intrinsik Crita Wayang Karya sastra nduweni unsur-unsur kang mangun karya satemah karya sastra bisa madeg. Supaya bisa nyritakake unsur karya sastra kang ana ing sawijining wacan kudu bisa mangerteni maksud utawa tegese kang kaamot sajroning wacan. Unsur-unsur instrinsik karya sastra kaperang dadi pitu, yaiku tema, paraga dan watak, plot (alur crita), setting (pelataran), sudut pandang (point of view), lelewa basa, lan pesan (amanat). a. Tema yaiku ide utawa gagasan pokok sing dadi dhasare crita kanthi wutuh. b. Alur utawa plot yaiku lakune crita seka purwa-madya-wasana sing nduwe sesambungan sabab-akibat. Alur kaperang dadi telu yaiku alur maju, mundur, lan campuran. c. Setting utawa latar, yaiku perangane unsur intrinsik sing wujude papan, wektu, sosial, lan swasana. d. Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajrone crita. Wewatakane paraga bisa dimangerteni kanthi cara kaya mangkene. 1. Analitik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi cetha. 2. Dramatik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi samudana. Dene watake paraga yaiku watak utama sipate paraga ing sajrone crita. Watake paraga kaperang dadi telu yaiku kaya mangkene. 1. Antagonis, yaiku paraga kang nduwe watak ala. 2. Protagonis, yaiku paraga kang nduwe watak apik. 3. Tritagonis, yaiku paraga (dudu paraga utama) kang netral. Paraga kang ana ing crita Ramayana ing antarane kaya mangkene. No. Paraga Panjlentreh 1. Ramawijaya Dasanama: Rama Legawa, Raghawa Kasatriyane: Pancawati Gaman: Panah Gunawijaya Watak: bela kautaman, mbelani tumindak bener, njejegaken prakawis kanthi adil, ngayomi para brahmana miwah para kawula Garwa: Dewi Sinta Patih: Narpati Sugriwa 2. Dewi Sinta Dasanama: Dewi Janaki
No. Paraga Panjlentreh Kasatriyane: Mantili Kadigdayan: ora mebar ing dahana (catatan: teks pada gambar: "ora mebar ing dahana", kemungkinan "ora kobar ing dahana") Watak: setya dhateng garwa, temen, prasaja, sabar, lan narima 3. Anoman Dasanama: Anjani Putra, Bayudara, Kapiwara, Palwaga Seta, Maruti, Ramanda, Dayapati, Bayusiwi, Guruputra, Yudawisma, Maruta, Prabancana, Resi Mayangkara Kasatriyane: Kendhalisada Gaman: Aji Sepiangin, Aji Pameling, Aju Mundri (catatan: Aji Mundri) Watak: santosa ing tekad, jujur, kendel, bekti lan setya dhateng Gusti Kadigdaya: manawa mlampah kaya angin, gampang mangerteni manawa dibutuhake astanipun ngedap-edapi 4. Dasamuka Dasanama: Rahwana, Wisrawaputra, Sukesiputra, lan Dasawanda Kasatriyane: Alengka Gaman/Aji-aji: Pedhang Mentawa/Pancasona Watak: sumongah sesongaran, wengis lan kejem Patih: Prahastha Kadigdayan: angel pejhipun jalaran sirahe sedasa 5. Lesmana Dasanama: Widagda Sumitratmaja Kasatriyane: Girikastuba Gaman/Aji-aji: Jemparing Naracabala, Panah Banuwastra/Rajah Kalacakra, Mantra Kalacakra. Watak: jujur, bekti marang sedulur tuwa, santosa ing tekad, tansah bela ing kabecikan, njejegake prakara kanthi adil, ngayomi saha seneng pitulungan
No. Paraga Panjlentreh Garwa: Wadat 6. Indrajit Dasanama: Megananda Kasatriyane: Bikukungpura Gaman/Aji-aji: Panah Wijalita, Panah Rante Wimahanasha, Panah Nagapasa/Aji sirep Kadigdayan: bisa naklukake ratu-ratu jajahan, bisa mabur, saha nyipta kembranipun maewu-ewu Watak: sumongah sesongaran, kendel, lan santosa ing tekad Rama: Prabu Dasamuka Ibu: Dewi Sumbagawati Garwa: Dewi Sumbagawati, lan Dewi Indraningrum e. Amanat yaiku pesen utawa wewengkas sing diaturake panulis marang pamaca. f. Cara mawas utawa point of view yaiku dununge panulis ana ing sajrone crita. g. Lelewa basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip. 2. Ngringkes Crita Wayang Ngringkes wacan iku bisa kanggo gladhen dadi panulis profesional. Bisa kawiwitan saka ngringkes buku pelajaran utawa wacan kang tarik kawigatenmu. Urut-urutane nggawe ringkesan yaiku kaya mangkene. a. Maca wacan asline luwih dhisik supaya mangerteni kanthi umum. b. Nyathet ide pokok kanthi cara garis ngisor ide pokok sing mligi. c. Nulis ringkesan andhedasar ide pokok sing wis dicathet ana ing langkah keloro. Nggunakake ukara kang padhet, efektip, lan bisa kanggo nyambung crita dadi karangan cekak sing nggambarake karangan asline. d. Pacelathon para paraga cukup ditulis utawa digoleki garis gedhene bae. e. Ringkesan ora oleh beda saka dalan crita lan isi saka sakabehe crita. Supaya anggonmu ngringkes wacan mau becik, mula kudu ngerti paugerane, ing antarane kaya mangkene. a. Maca wacan kang arep diringkes mau kanthi permati. b. Nulis ukara-ukara bakune.
c. Ngronce ukara-ukara baku mau dadi paragrap kang becik lan gampang dimangerteni. 3. Menehi Tanggepan Wacan Crita Trap-trapane menehi tanggepan teks crita yaiku kaya mangkene. a. Carane nanggapi wacan Carane menehi tanggapan wacan kang becik yaiku kaya mangkene. 1. Mahami wacan kanthi tliti. 2. Nemtokake gagasan utawa pokok tulisan ing wacan. 3. Milih bagean sing arep ditanggepi, supaya ora mlenceng saka gagasan utawa topik wacan. 4. Ngandharake tanggepan kanthi fakta. b. Bab kang perlu digatekake nalika nanggepi wacan Bab kang perlu digatekake nalika naggepi wacan yaiku kaya mangkene. 1. Menehi tanggepan kanthi basa kang endah, sopan, lan cetha. 2. Tanggepan ora kena ngandhut unsur SARA utawa nyinggung uwong. 3. Tanggepan ora kena sakepenake dhewe, kudu ana alesan.
