Dwi Septiani, S.Pd.UNGGAH-UNGGUH BASA

Menganalisis prinsip materi keterampilan berbahasa lisan dan tulis dan aplikasinya dalam pembelajaran bahasa Jawa CAPAIAN PEMBELAJARANDwi Septiani, S.Pd.

Tuladha: (1) Adhiku arep tuku lawuh. (2) Kowe arep tuku lawuh? LEKSIKON NGOKO LUGUDwi Septiani, S.Pd.

Ater-ater Panandha Leksikon Ngoko 1.Jamu kuwi wis diombe Ratna. 2.Tempene rega nyewu. 3.Bukuku wingi wis dibalekake. 4.Taplak kuwi daksilih dhisik ya. 5.Garapane arep koktumpuk kapan? 6.Klambiku wis dikumbah wingi sore. 7.Bukumu regane pira? 8.Yen arep bali mangtutupke lawang kuwi.Dwi Septiani, S.Pd.

Ragam ngoko lumrahe digunakake ana ing kahanan kaya mangkene: 1. bocah karo bocah 2. uwong tuwa marang bocah 3. guru marang murid 4. pejabat marang andhahane 5. mbatin utawa ngomong dhewe ana ing njero ati Panggunane Ngoko luguDwi Septiani, S.Pd.

(1) Bocah karo bocah Tuladha: Bakri: “Kowe mengko mangkat les jam pira Han?” Hana: “Jam telu.” Bakri: “Apa ora kesoren?” Hana: “Tak kira ora, lha wong acarane wiwit jam telu seprapat.” (2) Uwong tuwa marang bocah Tuladha: Ibu : “Ndhuk, tukokna gula neng warung!Sekilo wae.” Anak: “Napa malih Bu?” Ibu : “Tambah glepung seprapat kilo.Iki dhuwite, jujule kanggo kowe.” Anak: “Nggih Bu, matur nuwun.”Panggunane NgokoDwi Septiani, S.Pd.

(3) Guru marang murid Tuladha: Guru : “Cah, aja lali sesuk nggawa piranti kanggo gawe prakarya! Diwadhahi besek ben ora mocar-macir.” Murid : “Menawi boten gadhah besek Pak?” Guru : “Nganggo kerdus ya kena.” Murid : “Inggih Pak.” (4) Pejabat marang andhahane Tuladha: Pejabat : “Wan, tulung ketikna surat iki!Didadekake limang lembar banjur dicopy rong puluh.” Andhahan : “Wonten malih Pak?” Pejabat : “Oiya, aja lali dibagi kanca sakantor.” Andhahan : “Sendika Pak.”Dwi Septiani, S.Pd.

Ragam ngoko alus basane ngoko dicampuri krama inggil. Basa krama inggil kang digunakake kanggo atur pakurmatan marang mitra wicara. Ragam ngoko alus nggambarake sasambungan sing raket ananging alus lan ngajeni banget marang wong sing diajak omong-omongan. Kahanan kaya mengkono mau amarga leksikon ragam ngoko alus dicampuri karo leksikon krama inggil. NGOKO ALUSDwi Septiani, S.Pd.

Panganggone basa ngoko alusa. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur derajate b. Bojone priyayi marang sing lanang c. Priyayi marang priyayi sing wis kulina Tuladha : Wis seminggu iki simbah gerah ana rumah sakit . Nalika aku sowan minggu kepungkur simbah dhawah ana pawon. Aku bingung kudu piye. Pak 2324 Ari tangga mburi omah paring pitulungan. Simbah didherekake menyang rumah sakit. Wingi bapak tindak menyang Jogja saperlu nuweni simbah. Esuk mau bapak kondur ngasta oleh- oleh. Aku seneng banget amarga diparingi oleh- oleh kaos. Bapak ora mung ngasta oleh-oleh kanggo aku ananging uga Ibu. Ibu uga remen. Aku didhawuhi bapak sowan Bu Ratmi tangga sebelah saperlu ngaturi oleh-oleh. Ngendikane bapak wingi bengi simbah wis kondur saka rumah sakit. Tembung-tembung kang kacethak miring (italic) awujud tembung karma kanggo atur pakurmatan .Dwi Septiani, S.Pd.

a. Tetembungan kang gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong iya sing dirembug nggunakake krama inggil. Tuladha : Aku seneng banget diparingi Bapak sangu. Saben esuk sawise aku mangkat sekolah, ibu tindak menyang pasar. b. Tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko lugu utawa krama andhap. Tuladha : Mangga menawi badhe dhahar, kula sampun neda. c. Tembung sing diowahi krama inggil mung tembung linggane. Aku sowan Bu Rini saperlu ngaturake oleh-oleh.Titikane Ngoko AlusDwi Septiani, S.Pd.

d. Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. Apa panjenenengan wis pirsa yen Bu Parti seda wingi sore? e. Wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang (konfiks) tetep ngoko. Tuladaha : Aku diparingi oleh-oleh kaos. Ibu diaturi dhahar ora kersa.Titikane Ngoko AlusDwi Septiani, S.Pd.

a. Kabeh tembung sesulih P2 lan utawa P3 sing awujud ngoko diowahi dadi krama utawa krama inggil. Kowe – panjenengan - panjenenganipun b. Kabeh tembung kriya sing kanggo wong liya awujud ngoko diowahi dadi krama inggil. Aku ngombe es teh dene ibu ngunjuk jeruk panas. c. Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi dadi krama andhap. Panjenengan lenggah wae aku tak sing lungguh dhingklik. Yen panjenengan ora tindak aku arep sowan. d. Kabeh tembung aran sing gayut karo pandarbe P2 sing awujud ngoko bisa diowahi dadi krama utawa krama inggil.Paugeran Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko AlusDwi Septiani, S.Pd.

e. Tembung-tembung ngoko sing kanggo kewan, wit-witan, lan barang sanajan ana tembung krama inggil tetep nggunakake tembung ngoko. Tuladha: Kucingmu durung diadusi --- Kucing panjenengan durung diadusi. Lampu kamare Bapak mati --- Lampu kamaripun Bapak mati. f. Ora tau migunakake tembung krama, namung krama inggil utawa tembung ngoko sing ora ana krama inggile. Tuladha: Kowe dak-kon maca geguritan -- Panjenengan dakaturi maos geguritan. g. Ater-ater dak- bisa dadi rong werna, awujud dak- lan adalem. Ater-ater dak- manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane langsung inggil. Tuladha: Dhik, dak-kon nginep ya? – Dhik, dakaturi nyipeng ya?Dwi Septiani, S.Pd.

h. Ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan). Tuladha: kokpangan --- panjenengan dhahar i. Ater-ater di- ora diowahi krama (dipun-), tetep ditulis di- . Tuladha: dituroni – disareni j. Panambang –e ora diowahi dadi krama (- ipun) ananging tetep –e. Tuladha: klambine --- rasukane Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng-- keng). Tuladha: anake --- ingkang-putra k. Panambang –mu, diowahi krama inggil (panjenengan). Tuladha: Rambutmu –- rikma panjenengan Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng-- keng). Tuladha: anake --- putra-panjenengan (ingkang- putra) adhine --- rayi-panjenengan (ingkang- rayi) kakange --- raka-panjenengan (ingkang- raka)Dwi Septiani, S.Pd.

l. Panambang –ku ana rong werna yaiku awujud –ku lan adalem. Panambang –ku manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket 26utawa tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur. Tuladha: Adhimu nginep ing omahku. – Ingkang rayi nyipeng ing omahku. Budhe wis mangkat menyang omahku. – Budhe sampun tindak dhateng omah-adalem. m. Camboran di-ake ora diowahi krama Tuladha: ditukokake – dipundhutake Ibu dipundhutake bapak jarik batik.n. Camboran kok-ake, ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan), panambang –ake ora diowahi krama, tetep awujud –ake. Tuladha: Kokomongake --- panjenengan-sanjangake Nyuwun tulung panjenengan – sanjangke menawa aku wis sowan. o. Camboran dak-ne ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem. Camboran dak-ne manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur. Tuladha: Kakangmu daktukokne sate. – Ingkang raka dakpundhutne sate.Dwi Septiani, S.Pd.

p. Camboran dak-ane ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem. Camboran dak-ane manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur. Tuladha: Klambimu dakkethokane. – Rasukan panjenengan dakkethokaneDwi Septiani, S.Pd.

Proses Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alustuladha ing ngisor iki. a. Jenange dipangan Mas Bima. (ngoko lugu) Jenange didhahar Mas Bima. (ngoko alus) b. Sing arep adus sapa dhisik? (ngoko lugu) Sing arep siram sapa dhisik? (ngoko alus) 2728 c. Mbak Rina teka wiwit esuk mau. (ngoko lugu) Mbak Rina rawuh wiwit esuk mau. (ngoko alus) Tuladha ukara-ukara ing dhuwur kuwi mau saka ngoko lugu diowahi dadi ngoko alus. Tembung-tembung sing diowahi yaiku tembung kriya ngoko diowahi dadi tembung kriya krama inggil. Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi dadi krama, manawa kanggo wong liya diowahi dadi krama inggil. Tembung sesulih ngoko lugu diowahi dadi tembung sesulih krama.Dwi Septiani, S.Pd.

Paugeran Pamilihing Unggah-Ungguh Basa Ngoko Alus a. Kanggo micara marang uwong sing statuse padha, ananging kanthi rasa urmat. b. Kanggo micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur, ananging nduweni sesambungan sing rumaket. c. Kanggo micara marang uwong sing statuse saperangan luwih dhuwur, ananging saperangan luwih asor. d. Kanggo ngrasani utawa ngomongake liyane sing statuse luwih dhuwur.Dwi Septiani, S.Pd.

Tuladha Panganggone Basa Ngoko Alus a. Micara Marang Uwong sing Statuse Padha Pak Narya lan Bu Dian minangka kanca kantor sing srawunge rumaket ananging kanggo atur pakurmatan siji lan sijine nggunakake basa ngoko alus Pak Narya karo Bu Dian kanca sekantor, sawise rampung anggone makarya arep padha mulih, padha takon-takonan dhisik. Pak Narya : “Bu, njenengan ngasta payung?” Bu Dian : “Ana neng cedhak meja.” Pak Narya :“Manawa ngono, dakampil sedhela wae ya.” Bu Dian : “Iya,njenengan asta wae ora apa-apa.” Pak Narya :“Lha njenengan mengko kejawahan?” Bu Dian :”Ora, aku ana serepe. Pak Narya :“Matur nuwun bu”Dwi Septiani, S.Pd.

Tuladha Panganggone Basa Ngoko Alus b. Micara Marang Uwong sing Statuse Luwih Dhuwur ananging Sesambungane Raket Banget Sugeng micara marang Bapake. Sugeng nggunakake basa ngoko alus, dene Bapak ngoko lugu.Dwi Septiani, S.Pd.

Tuladha Panganggone Basa Ngoko AlusDwi Septiani, S.Pd.

Tuladha Panganggone Basa Ngoko Alus d. Ngrasani utawa Ngomongake Liyan sing Statuse Luwih Dhuwur Ani karo Tutik lagi ngomongake Ibune sing dinas menyang luar kota. Ani : “Kira-kira Ibu kondur dina apa ya Tik?”30 Tutik : “Ngendikane Ibu wingi, arep kondur mbesuk Setu Mbak.” Ani : “Ngasta oleh-oleh apa ya?” Tutik : “Menawa Yogja padatane bakpia, Mbak.” Ani : Oo iya, Ibu rak kagungan lengganan toko oleh-oleh bakpia pathok sacedhake Prambanan. :Dwi Septiani, S.Pd.

KRAMA LUGUDwi Septiani, S.Pd.

Krama lugu yaiku basa kang sing tembung tembunge kabeh krama, klebu ater-ater lan panambange. Tuladha: Menawi sampeyan gadhah wos, bok kula dipunsambuti. 1. Tegese Krama LuguDwi Septiani, S.Pd.

Titikan tembung ngoko/krama (1) Ater-ater kang dadi panandhaning tembung ngoko (prefiks ngoko), kaya ta: ater-ater tripurusa {dak-, ko-, di-} (2) Panambang kang dadi panandhaning tembung ngoko (sufiks ngoko) kaya ta: { -e/ne-, -ke/-ake} (3) Ater-ater kang dadi panandhaning tembung krama (prefiks krama), kaya ta: ater-ater tripurusa {dak-} menawa dikramakke dadi kula , {kok-} menawa dikramakke dadi sampeyan/panjenengan , {di- } menawa dikramakke dadi dipun-} (4) Panambang kang dadi panandhaning tembung krama (sufiks krama) kaya ta: { -ipun, -aken}Dwi Septiani, S.Pd.

a. Ngramakake Tembung 1) Tembung-tembung ngoko kang ana kramane diganti tembung krama, dene kang ora ana kramane tetep migunakake tembung ngoko. Tuladha: Ngoko Aku arep tuku piranti sekolah kayata buku, bolpen, garisan, karo potelot. Krama Lugu Kula badhe tumbas piranti sekolah kadosta buku, bolpen, garisan, kaliyan potelot.Pandhapuke Krama LuguDwi Septiani, S.Pd.

2) Tembung-tembung kang magepokan karo awake dhewe ana kramane tetep dikramakake. Tuladha: Ngoko Bocah kuwi wis rong taun manggon ing omahku. Krama lugu Lare menika sampun kalih taun manggen wonten griya kula. 3) Tembung-tembung kang magepokan karo kewan, wit-witan utawa samubarang kang ana kramane tetep dikramakake. Tuladha: Ngoko Manuk sing menclok ing wit jeruk mau mabur saka cagak ireng. Krama lugu Peksi ingkang menclok wonten ing wit jeram kalawau mabur saking cagak cemeng.Dwi Septiani, S.Pd.

b. Ngramakake Ater-ater 1) Ater-ater di- dikramakake dadi dipun Ngoko Kumbahane wis dijupuk Sari. Krama lugu Girahanipun sampun dipunpendhet Sari. 2) Ater-ater kok- dikramakake dadi sampeyan Ngoko Kumbahane wis kokjupuk. Krama lugu Girahanipun sampun sampeyan pendhet. 3) Ater-ater dak- dikramakake dadi kula- 47Ngoko Kumbahane wis dakjupuk. Krama lugu Girahanipun sampun kula pendhet.Dwi Septiani, S.Pd.

c. Ngramakake Panambang 1) Panambang -e dikramakake dadi -ipun Ngoko Pitike jago daktuku ya? Krama lugu Ayamipun jago kula tumbas nggih? 2) Panambang -en dikramakake dadi sampeyan Ngoko Pitike tukunen wae. Krama lugu Ayamipun sampeyan tumbas mawon. 3) Panambang -ana dikramakake dadi sampeyan Ngoko Pitike jago tukonana wae. Krama lugu Ayamipun jago sampeyan tumbasi mawon.Dwi Septiani, S.Pd.

4) Panambang -na dikramakake dadi sampeyan-aken Ngoko Njaluk tulung tukokna pitik jago siji. Krama lugu Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken ayam jago setunggal. 5) Panambang -mu dikramakake dadi -sampeyan Ngoko Pitikmu dituku pira? Krama lugu Ayam sampeyan ditumbas pinten? 6) Panambang -ku dikramakake dadi kula Ngoko Pitikku dituku satus ewu. Krama lugu Ayam kula ditumbas setunggalatus ewu.Dwi Septiani, S.Pd.

d. Ngramakake Rimbag Camboran 1) Camboran N-a dikramakake dadi sampeyan-N 48Ngoko Nggawaa jeruk legi kae! Krama lugu Sampeyan-mbekta jeram manis menika! 2) Camboran N-ana dikramakake dadi sampeyan-N-i Ngoko Nggawanana jeruk-jeruk keprok kae! Krama lugu Sampeyan-mbektani jeram-jeram keprok menika! 3) Camboran N-na dikramakake dadi sampeyan-N-aken Ngoko Nggawakna jeruk adhimu, kareben kanggo sangu piknik. Krama lugu Sampeyan mbektakaken jeram rayi panjenengan, kajengipun kangge sangu piknik.Dwi Septiani, S.Pd.

4) Camboran di-ake dikramakake dadi dipun-aken Ngoko Pitik jago kuwi digawakake saka desa. Krama lugu Ayam jago menika dipunbektakaken saking dhusun. 5) Camboran kok-ake dikramakake dadi sampeyan-aken Ngoko Pitik babon kuwi kokgawakake kanggo sapa? Krama lugu Ayam babon menika sampeyan bektakaken kangge sinten? 6) Camboran dak-ake dikramakake dadi kula-aken Ngoko Pitik babon kuwi dakgawakake kanggo kowe. Krama lugu Ayam babon menika kula bektakaken kangge panjenengan.Dwi Septiani, S.Pd.

7) Camboran dak-e dikramakake dadi kula-ipun Ngoko Pitik jago kuwi dakgawane ya. Krama lugu Ayam jago menika kula bektanipun nggih. 8) Camboran dak-ane dikramakake dadi kula-anipun Ngoko Pitik-pitike dakgawanane ya. Krama lugu Ayam-ayamipun kula bektananipun nggih. 9) Camboran dak-ne dikramakake dadi kula-aken Ngoko Pitike dakgawakne ya. Krama lugu Ayamipun kula bektaaken nggih.Dwi Septiani, S.Pd.

Krama alus yaiku wujud undha usuk basa Jawa kang kabeh tetembungane kawangun saka tembung krama lan ditambahi tetembungan krama alus utawa bisa uga kawuwuhan krama andhap. .Upamane: saka tembung ngoko mulih diganti tembung krama mantuk (yen kanggo awake dhewe), utawa diganti tembung krama inggil kondur (yen kanggo wong liya sing perlu dikurmati). Saka tembung ngoko mangan diganti tembung krama nedha (kanggo awake dhewe), utawa diganti tembung krama inggil dhahar (kanggo wong liya sing perlu dikurmati). KRAMA ALUSDwi Septiani, S.Pd.

a. Kabeh tembung ngoko diganti nganggo tembung krama, tembung krama andhap, utawa tembung krama inggilgumantung sapa sing micara lan mitra wicarane. b. Imbuhan ngoko {di-}, {-ake}, lan {-e} diganti nganggo imbuhan krama {dipun-}, {-aken}, lan {–ipun}, wondene imbuhan liyane tetep. c. Klitik {dak-} lan {–ku} diganti dadi kula, dene klitik {kok-} lan {mu} diganti dadi panjenengan. d. Tembung netral ora owah. Tuladhane mangkene: (1) a. Aku arep nukokake adhiku dhuren montong. b. Kula badhe numbasaken adhi kula dhuren montong. (2) a. Toni didhawuhi Ibu njupukake tase. b. Toni dipundhawuhi Ibu mendhetaken tasipun.Titikane Tembung Krama AlusDwi Septiani, S.Pd.

(a) anak marang wong tuwa, (b) murid marang gurune, © kenalan anyar, (d) wong liya kang luwih tuwa utawa dihurmati, (e) kanggo micara (pidhato) ing pahargyan utawa ing pasamuwan-pasamuwan, (f) pangarsa (pimpinan) marang andhahan, lan (g) donga. Pigunane Basa Krama AlusDwi Septiani, S.Pd.